Jumat, 03 Februari 2012

basa jawa sinden


SINDHEN
MANGKELING mangkel, ora kaya wong lagi pegel. Gelaning gela, ora kaya diblenjani tresna. Ora perduli bagus apa elek, ora perduli pinter apa bodho, Kabeh sami mawon. Jas bukak iket blangkon, sama jugak sami mawon. Mengkono uga Anjasmara. Mripate kelop-kelop, nyawang eternit sing ana ndhuwure peturone. Jane arep nyawang usuk, ning kaling-kalingan eternit. Dadi sing disawang mung eternit. Kang gambarane endah edi, kaya ukir-ukiran. Dhek wingi yen disawang katon edi peni, ning saiki kok ora. Dhek emben sawangane nggemesake ati, ning saiki kok mboseni. Anjasmara melek ora turu nanging atine bingung uleng-ulengan. Kepiye anggone ora, nduwe pacar siji wae nglungani ati.
"Njas Anjas, aja ndongang-ndongong kaya sapi ompong. Kae kanca-kanca wis padha nglumpuk. Tangiya, aja ngglethak ana dhipan wae," swarane Sumani keprungu saka walike lawang kamar.
"Sapa....?" pitakone Anjas sakena-ne.
"Kae pacarmu barang wis dha ngenteni ana ndhapa," Sumani nerangake.



















MUMET
Prapto isih turon ing kamare. Mripate ndeleng cecak lagi buron ing empyak. Ketoke arep padha kawin . Sire, kedadean ana cecak buron arep kawin kuwi iso nggawe klangenan ing atine. Nanging ora, Prapto isih ketok mendhem masalah sing marai pikirane mumet. Mripate kethap-kethip nyawang plenthong limang watt sing madhangi kamar. Ngglethek ing kasur kumel. Ketok yen kasur kuwi wis suwe di enggo utawa wis tuwo umure. Tangane loro di enggo nyangga sirahe dadi gantine bantal. Ora oana suara ing mlebu menyang kupinge. Mung suara-suara jangkrik karo kewan sak tunggale nagancani sepine wengi. Wengi sansaya wengi nambah nelangsane ati.
Lawang kamare muni amarga ana sing mbukak. Mripate pindah ndeleng lawang sing kebukak. Engsele wis karaten dadi iso ngetokake suara. Jebul bojone sing mbukak lawang. Bojone jenenge Lastri. Dheweke lagi wae mulih saka rewang masak tanggane sing lagi nduwe gawe. Asline mau Prapto di ajak mrono, nanging Prapto wegah. Alesane wegah mangkat amarga dheweke lagi mumet kakehan masalah. Lastri nyangka yen bojone kuwi mung kakehan masalah ing sawah amarga wereng ngrusak parine. Akhire Lastri mangkat dhewekan. Liyane rewang, uga kanggo njaga kerukunan karo tangga-tanggane supaya ora di kucilke.
Lastri mlebu kamar.
“Durung turu kang? Jarene lagi mumet ?”
“Durung las, aku rung iso turu, sakjane wis tak merem-meremke.”
“Lha Topan wis turu ?”
“Wis, sakwise dheweke mulih saka pengajian ana langgar, dheweke langsung turu ing kamare dhewe. Ketoke dheweke lagi kesel amarga sedina mung mlanyet wae.”
Banjur lastri mbukak lemari. Njipuk ganti klambi. Terus Lastri menyang kamar mandi. Wisuh sak cukupe lan sisan ganti klambi.
Prapto isih tetep turon ing amben nalika Lastri bali saka kamar mandi. Wengi iki Prapto arep ngetokke uneg-uneg sing dipendhem dheweke menyang Lastri. Wis suwe mung kependhem sak jeroning ati. Banjur lastri melu turon ing pinggire Prapto. Lastri nyawang bojone karo sewu tetakon ing ati. Ora biasane dheweke nyawang bojone mumet amarga masalah nganti kaya ngene. Dino-dino sak durunge ugo wis mangkat ketok.
“Kang! Ana apa tha ? kok ketoke lagi nduwe masalah temenan, mbok cerita.” Lastri angkat omongan.
“Ngene lho las. Sakjane aku wis suwe arep cerita menyang kowe nanging aku wedi. Aku tumindak ngono amarga aku wegah nambahi beban menyang kowe. Nanging sansaya aku mendhem cerita kuwi, aku malah sansaya nelangsa.”
“Yaw is kang, saiki kowe cerita menyang aku, sak isane aku nyoba ngrewangi, lha aku ya bojomu dhewe tha ?”Lastri sansaya nyedhakke awake supaya luwih ndengket karo bojone.
“Pokoke mengko kowe aja nesu Las ! Masalah iki angel pemecahane, dadi mengko aku pengin rembugan karo kowe. Critane ngene. Mbiyen suwargi bapak nduwe utang marang pak Bejo, juragan lenga patra ing desa sebelah kae. Jumlahe gedhe banget nganti limang yuta. Nanging aku ora ngerti kanggo apa duwit akeh kuwi. Nganti bapak seda, utang kuwi durung kebayar. Lha aku meneng-meneng tanpa rembugan karo kowe, aku menyang pegadaian lan siji-sijine alas sing nguripi dheweke kuwi kepaksa aku gadhekke. Terus turahane duwit aku tukokake TV ing ruang tamu kuwi. Lha sing dadi masalah, bates anggonku nebus mung kurang seminggu maneh. Tebusane cacahe enem yuta. Saiki aku mung nduweni duwit limangatus ewu. Lha iki kepriye Las, aku bingung lan aku njaluk pangertenmu uga pangapuramu.”
“Kowe kepriye tha kang ? mbok cerita mbiyen-mbiyen, bareng mepet kaya ngene lagi cerita. Aku dudu wong liya kang! Aku bojomu!”
Lastri tangi saka ambene. Lungguh ana pinggire Prapto. Mripate adus luh gara-gara nangis ngrungoakake masalah kuwi. Prapto ugo lungguh lan ndekep Lastri, nenangake dheweke. Wong loro padha bingung kabeh. Kelingan penjaluke Topan dhek wingi marai tambah mumet. Dhek wing sakwise mulih saka dolan Topan nangis njaluk pit onthel. Kanca-kancane wis padha mduwe kabeh.
“Iki ngene wae kang, aku nduwe kalung,gelang uga cincin.kabeh kywi didol wae kanggo mbayar tebusan.”
“Aku wis mikir tekan kono,nanging opo kabeh kuwi wis cukup kanggo nebus? Palingan rego mas – masan kuwi yen dijumlah ora nganti pitungatus ewu. Terus turahane golek ngendi? Deweke mung duwe omah iki karo TV. Ora mungkin to nggadheke utawa adol omah kanggo mbayar tebusan. Umpama Tv didol paling mung payu limangatus ewu. Yen di total kabeh ora ana setengaahe kanggo nebus.”
“Terus saiki kepiye kang?”
Mripate lastri terus ngetokake luh. Wengi sansaya wengi, wong loro kuwi mung pada ndeleng plenthong limang watt ing kamar kuwi. Nganti tengah wengi padha ora iso turu. Jam loro wengi mripat wong loro kuwi lagi padha merem. Mbuh amarga mumet utawa kesel.
Seminggu wis dilakoni,prapto ora iso nebus alase.saiki sing diduweni mung omah anak lan bojo. Gawean dadi buruh tani ora cukup kanggo nguripi kaluarga. Siji sijining alas, wis di sita pegadaian. Lastri mung iso sabar lan manehi dorongan menyang prapto. Lan sak isane Lastri arep ngusahaake supaya dapur tetep ngebul. Embuh dadi buruh umbah- umbah,buruh sawah,adol panganan utawa liyane.
Sore iki prapto ngalamun ing emper omahe, mripate ndeleng menyang mega-mega, warnane kuning ameh abang, amarga srengenge wis arep mlelep ing kulon. Prapto ngalamun piye carane dapur tetep ngebul, Topan tetep sekolah kanthi lancar uga isa nukokake sandang kanggo anak bojone.Lamunane Prapto pecah amarga krungu tangisane Topan. Topan nangis sak banter-bantere lan malah gulung ing ngarepe Prapto. Topan nangis njaluk pit kaya kanca-kancane. Yen dadine ngene, apa ora sansaya mumet umpama dadi Prapto?



























Kembang Kemukus
Mripat bening kuwi mandeng aku tenanan. Aku ora kuwasa mbales delengane suwe-suwe. Dakslimurke delengaku marang wit-witan nagasari sing gumigil anteng. Sumilire angin krasa adhem nyapu kulit. Dakremes driji-drijiku dhewe, ing antarane ngrasakke rasa adhem lan uga gumreget ana njero dhadhaku.
“Apa temen Sampeyan arep lunga, Mas?” pitakonku rada mamang. Aku ngerti satemene slirane uga abot karo pepisahan iki. Teletik grimis turahane udan isih pisan pindho nelesi lemah Kemukus.
“Laras, awit mula aku lan sliramu padha ngerti kelawan sing bakal awake dhewe  adhepi. Klawan tetalian batin sing satemene luput yen terus dirumat iki.“
“Tega!”
“Banjur kudu kepriye? Aku dhewe wis nduwe calon bojo. Lan sliramu uga wis ngerti iku awit mula ketemu aku, ora ngono?”
“Aku saderma kepingin Sampeyan ora lunga saka Kemukus iki, Mas.”
“Nanging, awake dhewe mestine ngerti, apa tegese umpama awake dhewe tetep nglakoni tetalian iki?”
Saklebat aku mandeng slirane. Mripat bening kuwi malih dadi mendhung.
“Apa tegese iku, Mas?”
“Apa aku kudu njlentrehke sawiji-wiji sing satemene Sliramu wis ngerti?”
Mendhung iku malih dadi grimis: ana luh bening tumetes saka mripat lorone. Aku ngrasa ora tega mandeng mripate. Rikat, dakslimurake delengaku, adoh marang ngisor Gunung Kemukus, ing sumebyare banyu Waduk Kedungombo kang ayem.
“Yen ngono, awake dhewe kudu enggal kawin. Lamun pancen Mas Topan tresna marang aku, wujudna!”
“Banjur, kepriye nasib calon bojoku iku? Apa kudu daktinggal, banjur ngawini Sliramu?”
Yen pancen iku dalan sing luwih becik kanggo tetalianku lan sliramu, kena apa ora mboklaloni? Apa pancen sliramu ora wani? Lamun sliramu pancen ora saguh nglakoni, ateges tresnamu seprana-seprene amung ing lati. Muspra olihe niba tangi aku ngramut geni tresna iki. Geni tresna sing saben dina njajal disidem karo akal waras sing wis tumancep ing pikiranku. Iya, awit mula aku teka ing Kemukus iki wis ngrasa ora butuh tresna, amrih ora kepingin ketaton ing pungkasan. Nanging, bareng aku kepethuk Mas Topan, aku ora bisa ngapusi atiku. Aku tresna slirane.
“Kena apa ora?” pitakonku.
“Yen iku sing dadi kekarepanmu, aku ora bisa nuruti. Aku njaluk ngapura!”
“Tega Sampeyan, Mas. Sanpeyan ora tenanan tresna aku,” pangucapku karo swara gemeter. Aku tangi, banjur mlayu ninggalake slirane tanpa pamit. Luhku mbrebes mili. Aku kaya nemoni catu. Kaya kejegur ing puseran sing saya suwe saya santer lan wis ancang-ancang arep nglelepake aku.
“Laras!!” suwarane banter nyeluk aku, nanging aku ora nggubris.
Sore wis sampurna kasaput rupa ireng. Petenge wengi mrambat, nyigeg awakku ing jerone sepi. Aku mung meneng, gumandul ing kupinge cendela, ngiderake sawangan marang njabane cendela. Marang sorot lampu sing semorot saka warung-warung sing jumejer ana ing kiwa tengene dalan.
Malem Jemuah Pon. Kemukus nontonake rejane maneh. Ewunan manungsa beda-beda kekarep saka sakabehing panggonan tumplek bleg. Saka sing mung saderma nguber sumringah nganti sing nguber dhapukan bandha dunya, ngalap berkah.
“Wis wengi, kena apa Sliramu ora enggal dandan maesi awak, Laras?” swara Bu Suri, germa sing ramangsaku ora kayadene anggepanku sadurunge aku kenal luwih raket. Aku ngrasa slirane wis ngajeni aku luwih tinimbang wanita liyane. Apa amarga aku sing mesthi menehi slirane duwit sing akehe ora kethung, amarga aku wanita sing paling aji sing mesthi dadi royokan para tamu? Embuh. Ing omahe, saiki aku manggon. Ing sagundhuk gumuk jenenge Gunung Kemukus, puluhan kilometer ngalor saka kutha Solo. Pas ana pucuke, Pangeran Samudra lan ibu tirine, Dewi Ontowulan, dipendhem. Lan saiki kerep disambangi wong, luwih-luwih ing wengi iki: malem Jemuah Pon.
“Wengi iki aku prei, Mi…” wangsulanku. Aku nyeluk wong wadon iku Mami, kaya uga wadon-wadon liya sing megawe ing umah iki: ngladeni tamu lanang. Bu Suri nyedhaki aku, alus ngelus rambutku.
“Mami niteni, dina-dina iki Sliramu katon ora ayem. Ana apa? Apa amarga lananganmu kae arang-arang sambang mrene?”
Aku njingkat saka panggonan kang mula, marani amben ing njero kamarku. Bu Suri ngetutake.
“Laras, Sliramu iki ayu, isih enom sisan. Sliramu gampang antuk tamu sing kosenengi, malah sing sugih mbliwih sisan bisa. Apa ajine lananganmu iku, Laras?”
“Emboh Mi. Aku dhewe ora ngerti, kena apa aku ngrasa kelangan Mas Topan. Kanggoku Mas Topan beda, aku ngrasa wis kesengsem marang slirane,” luh mara-mara nyigar pipiku. Aku malih kelingan marang wayah kawitane srawung karo Mas Topan. Nalika iku slirane sambang marang Kemukus iki kanggo nggarap Tesis, nggolek data jarene. Slirane mampir ing warung iki lan akeh takon marang aku. Slirane bisa ngrubuhake pager pangreksaku saka rasa tresna. Nanging, aku ngerti sapa awakku iki. Apa pantes wadon kaya aku nresnani slirane? Lan mangsa krasa sansaya lumaku. Mas Topan malih kerep teka marang kene. Winih-winih tresna tukul antarane aku lan slirane.
Bu Suri katon kaget karo apa sing dakucapake.
“Simpen tresnamu iku Laras! Wadon kaya awake dhewe iki ora pantes nduweni tresna. Sliramu kudu bisa nglawan rasa iku. Wis, wengi sansaya nglangut. Cepet Sliramu dandan. Daktinggal dhisik, akeh tamu ing ngarep,” pangucape Bu Suri sinambi alon-alon tangi saka lungguhane.
“Mi, sepisan maneh aku njaluk, wengi iki wae, aku prei!”
Aku mlaku ijen nuruti undhak-undhakan sing tumerap. Aku ngrasa sepi ing tengah rejan. Ambune kembang setaman, menyan, rokok, uga alkohol campur dadi siji. Ah, saprene iki ambu iku kabeh sing nggembuli aku? Ambu sing satemene ora bisa daksrawungi. Kabeh mau dakpeksa mlebu ing uripku, ora krasa, aku wis nggembuli kabeh mau salawase mangsa luwih saka limang taun.
Aku milih lungguh ing ngisore wit Nagasari sing ora adoh saka Sendang Ontrowulan. Ing kene luwih sepi tinimbang ing dhuwur gumuk, ing pucuk Kemukus. Aku njajal ngumbar angen, supaya nelangsane ati sirna. Pangilingku mbalik tumancep marang pawakan lanang bagus sing pirang-pirang dina iki ndadekna sesek dadaku. Ngiseni pepanggononan sing kosong ana ing angen-angen sing ora bakal kegayuh: Mas Topan. Ing panggonan iki, pungkasane aku ketemu Mas Topan. Umpama aku oleh milih, temen-temen aku kepingin mbaleni mangsa, munyerake wayah. Aku kepingin ora ninggalake desaku lan minggat ing Kemukus iki. Aku kepingin srawung Mas Topan pirang-pirang sigegan wayah kepungkur. Banjur aku bisa ngrasaake endahe dadi manten bareng slirane. Nanging, apa wayah bisa gelem bali?
“Mbak, kok dhewekan wae. Gelem ngancani Aku?” pawakan lanang mara-mara wis ngadek ing ngarepku. Aku ora sreg kanggo mangsuli pengajake.
“Iki wis wengi, nanging aku durung oleh gandhengan. Eman to, adoh-adoh saka Semarang kapeksa ora nggawa asil merga mung gara-gara ora pepak olihe ngelakoni tirakat. Mbak durung ana tamu to?”
Wong lanang iku nyedhaki Aku. Aku lekas endang tangi. Aku dadi sumpek nyawang slirane. Tirakat sing durung cetha bener orane lan ora bisa dipikir akal waras. Kanggo mujudke impen kudu kelon karo wong sing dudu bojone dhewe.
“Ngaca dhisik yen arep ngajak-ngajak wong!” pangucapku nyeplos karo kesusu nyingkrih.
“Woo…. dhasar ciblek!” samar dakrungu celathune wong lanang iku. Aku ora nggubris. Aku enggal mlayu.
Nalika lagi wae aku mlebu warung Bu Suri, dumadakan aku nemoni sapasang mripat sing cemorong ana ing tengahe remeng-remenge cahya. Getihku mangsek, kemrenyeng. Aku wanuh marang mripat iku. Sapasang mripat sing ndadekake wewayah iju lustru ana ing ngarepane. Banjur, ana ing pisan pindho sigege wayah, ilatku ora nduweni daya kanggo nyuwara.
“Larasati, aku pingin ngomong!” pangucape karo gedandapan. Aku isih matung, kaget karo kadadeyan iki.
“Laras, aku nyerah. Aku ngakoni yen aku ora bisa ninggalake Sliramu.”
“Temenan, Mas?”
“Aku wis njajal nglalekake Sliramu, nanging ora bisa. Saiki Sliramu melu aku. Awake dhewe rabi, dadi bojo sing sah. Sliramu kapiken lamun mung dadi kembang ing Kemukus iki Laras.”
Sepisan iki dadaku kebak sesak kisenan kembang. Kembang maneka rupa saka nagari sing mung rasa seneng wae sing manggon ing kana.

SEPISAN LAN PUNGKASAN
Wektu kuwi aku lagi muggah kelas 5. Nalika mlebu kelas, ana murid anyaran lanang sing teka saka papan adoh. Nanging murid anyar kuwi ora biyasa. Dheweke duwe cacat awak. Sikile sengkleh siji sing tengen, awake gering, lan rambute rada arang, nyaris gundul. Pokoke mesakake banget perawakane.
Ing dina sepisan muggah kelas kuwi, Bu Guru ndawuhi saben murid kanggo ngenalkake awake dhewe-dhewe ing ngarep kelas.. saiki gilirane cah anyaran lanang mau ngenalkake awake. Dheweke digeguyu kanca-kanca liyane, kelas dadi rame, bocah-bocah padha cekakakan. Bu Puji, wali kelasku ndawuhi murid-murid meneng. Nanging yo dasare bocah tetep ora bisa meneng, bocah-bocah ngempet ngguyu nganti rupane abang. Maksude kareben ora diseneni Bu Guru.
Mlakune cah anyaran mau nagnti keseret-seret. Wektu dheweke ngadek sikile gemeter. Ing ngarep kelas, banjur dheweke ngenalke awake.
” Je . . jeneng . . jenengku . . Ad . . Adri ” jarene gagap. ” A . . aku . . sa . . saka . . ess . . SLB Harapan 1 .”
Kanca-kanca sing awit mau ngempet ngguyu, dadi ribut. Sanajan mengkono anggone Adri ngomong tetep diteruske. Ana rasa mesakake sumelip ing atiku.
Adri mesti mangkat paling gasik ning sekolah. Sesuk esuk, pas Adri lagi mlaku karo nggawa buku saktumpuk, sikile disandung karo kancaku sing gaweane ngenyek Adri. Dheweke tiba, bukune morak-marik ning jubin. Atiku trataban weruh kedadean kuwi. Ora ana sij-sijia kancaku sing arep nulungi Adri. Malah padha nggeguyu, ana sing mung ndeloki kanthi rasa jijik. Aku langsung ngadek, aku arep nulungi Adri karo mberesi buku-bukune Adri sing morak-marik mau. Adri banjur ngucapkake maturnuwun karo aku, tangane isih ngebut-ngebutke klambine sing reged.
Ing sekolah, Adri ora nduwe kanca. Kanca-kanca sing lanang malah pada ngenyeki awake Adri. Ana sing ngenyek nganggo omongan lan ana sing ngenyek karo niru-niru solah bawane Adri. Nalika kanca-kanca sing wedhok ora gelem cedhak-cedhak karo Adri. Amarga perawakane Adri sing cacat mau. Wiwit prastawa pas aku nulungi Adri, dheweke dadi seneng nyedhaki aku. Adri wis nganggep aku dadi kancane. Aku yo narima wae, kanggo aku kabeh kuwi kancaku. Aku ora mbeda-bedakake kanca. Nanging aku ora cedhak-cedhak banget karo Adri, mung kanca biyasa. Soale aku nduwe kanca kenthel dhewe. Aku ora ngerti nek Adri nganggep aku dudu kanca biyasa. Nganti ing sawijining dina, pas aku lan kanca-kanca kenthelku lagi padha ngumpul, Adri teka banjur srawung marang aku lan kanca-kanca. Pas aku lan kanca-kanca jajan, yo ditutke karo Adri. Pokoke ning endi-endi aku lan kanca-kancaku ditutke. Wis ngrasa rak kepenak, aku ngusir Adri nanging carane alus. Adri malah saya nyedhaki aku, aku sing lagi sensitif dadi mbentak Adri. Karo kaget, Adri mlayu mboh ning endi.
Udakara patang wulan sakbanjure kuwi, Adri wis seminggu ora mlebu sekolah. Aku dadi goreh. Pikiranku ngentha-entha ngapa Adri ora mlebu sekolah nganti seminggu lan ora ana kabar ngenani Adri.
Bali sekolah, aku sakanca sekelas nggoleki omahe adri kanggo mastikake kabare Adri. Aku lan kanca-kanca njaluk alamat omahe Adri marang Bu Guru.
Aku lan kanca-kanca mlaku muter-muter nggoleki alamat omahe Adri. Nganti tekan ing perumahan gedhe. Omah-omahe megah kaya gedung. Banjur dhewe tekan ing ngarep omah sing ora kalah gedhene karo tanggane. Aku ndodog lawang omahe sing gedhe dhuwur saka kayu jati. Ora let suwe, saka njero, ibuke Adri mbukake lawang. Ibune nduwe paras sing ayu, nanging mripatne kethok bengkak kaya bar nangis. Ibune Adri manggakake dhewe mlebu. Aku sakanca-kanca isih mlengo ndhelok omahe Adri sing megahe kaya gedung.
Ibune Adri wis ngerti tekane dhewe arep nakoni Adri. Karo ngomong mripate mbrambang. Ibune crita nalika wiwit cilik Adri duwe penyakit sing serius. Wis pirang-pirang kali Adri nglakoni terapi, karo ngombe obat-obatan saka dokter utawa obat-obatan tradisional kayata jamu. Ibune Adri nalika crita mandheg sedela, mripate nerawang ing langit-langit omah.
” Wiwit cilik, Adri ora nduwe kanca. Biyasane wong-wong padha ora gelem cedhak-cedhak Adri amarga perawakane sing cacat. Sanajan mengkno, Adri ora tau isin utawa ngeluh karo keadaane. Dheweke pengen banget mlebu sekolah umum kanggo nggolek kanca. Sadurunge Adri sekolah ning SLB. Adri wis ditinggal Bapake wiwit umur 6 taun, gara-gara bapak nduwe penyakit sing padha karo Adri. ” critane Ibune Adri, Bu Neli.
”Lha Bu, saiki Adri ting pundi? ” pitakonku nyela critane Bu Neli. Aku wis ora sabar, atiku wis dagdigdug ora karuan. Pikiranku wis ning endi-endi.
Bu Neli malah nunduk, ” Adri wis nyusul Bapake.” wangsulane Bu Neli. Kanthi rasa ora percaya, aku lan kanca-kanca liyane nangis ing kono. Aku wis ora bisa ngmong apa-apa. Dadi Adri wis meninggal ? Ngopo cepet banget ? Aku durung sempet njaluk ngapura marang Adri.
Teka-teka Bu Neli takon, ”Iki ndak Dek Olin?” Aku manthuk alon. Banjur Bu Neli maringi lipetan kertas saka kantonge. Aku ndredeg.
” Sadurunge lunga, Adr pesen karo Ibu kareben surat iki diaturake Olin. Adri pengen ngucapake maturnuwun amarga Dek Olin gelem dadi kancane Adri. Dek Olin pancen kanca sepisan lan pungkasane Adri.”
Aku mbuka lipetan kertas mau. Atiku trenyuh, aku nangis sesenggrukan maneh ing kono. Nyatane Adri isih nganggep aku kancane, malah sahabate.
” Dri, aku njaluk ngapura yo .. .”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar