Lintah-Lintah
Bardi mlebu omahe setengah mlayu karo
nggawa kepis cilik kebak urang. Karemane nggogo urang kali kuwi jare minangka
warisan saka embahe lanang sing wis nyuwargi, yakuwi Mbah Gariman, sing biyen
dijuluki “Mbah Gariman Urang”, amarga pancen jago nggogo urang kali. Jebul
kabisan kuwi tumurun marang Bardi, putune. Ora ana sing muruki, ngerti-ngerti
Bardi prigel banget nggogo urang. Sanadyan lagi umur las-lasan dheweke wis
misuwur dadi tukang ngentekake urang kali ing kampunge.
Mung emane kali ing kampunge akeh
banget lintahe. Mula saben dheweke mentas gogo urang, sikile pating krentep
ditapel lintah-lintah. Amarga wis banget kulinane, mula nadyan sikile
digrendhepi lintah, dheweke ora rumangsa kamigilanen, lan uga ora kesusu
mbethoti lintah-lintah sing pating tremplek kuwi. Ana cara mligi kanggo
mbudidaya supaya lintah-lintah kuwi gelem uwal saka awake. Mengko yen wis tekan
omah. Emake pancen wis nuduhake carane.
Kandhane emake biyen, lintah-lintah
sing lagi napel kempol lan pupune kuwi ora kena dibethot kanthi rudapeksa.
Jalaran yen nganti dirudapeksa, lintah-lintah sing wis kadhung mlembung wetenge
kuwaregen getih kuwi bakal pedhot ing ngget-nggetan gulune, dene endhase kari
ing njero kulit. Endhas lintah sing mati ing njero kulit kuwi bisa marakake
penyakit gatel-gatel, wusana dadi borok sing angel banget tambanane. Supaya
lintah-lintah kuwi gelem uwal, kudu disiram lenga patra nganti klebus. Yen
mambu lenga patra, lintah-lintah sing napel kuwi banjur padha uwal amarga
mendem ganda lenga lan krasa panas awake. Yen lintah-lintah wis padha uwal tiba
pating klolet ing lemah, Bardi banjur njumputi lintah-lintah lan diuncalake
geni mawa ing pawone.
“ Ya iki upahmu saka anggonmu kenaken nyerot getihku!
Rasakna saiki! Klakon modiar tenan kowe!” aloke Bardi ngigit-igit. Dheweke
marem banget yen nonton lintah-lintah sing mlembung kebak getih kuwi, sangsaya
tambah mlembung marga kena panase geni. Wusana lintah-lintah kuwi tumuli
mbledhos siji baka siji. Sinusul ganda gurih kaya sate binakar, jalaran getih asil
serotan lan awake lintah-lintah kuwi padha kobong geni. Bardi ora gelem ngadeg
saka ngarep pawon yen lintah-lintah kuwi durung padha gosong, utawa malah
durung dadi awu babar pisan.
**
Nalika Bardi wis ngancik remaja tumaruna, dumadakan
kulawargane kena musibah. Bapake tiba saka wit siwalan. Penggaotane bapake
pancen nderes wala siwalan kanggo njupuk legen. Sawuse sawetara wektu lara
lumpuh amarga gegere putung, bapake Bardi wusana kapundhut sing Kuwasa.
Minangka anak mbarep, Bardi rumangasa melu nduweni
tanggung jawab mbiyantu emake golek pangupajiwa kanggo nguripi adhi-adhine sing
cacah telu tur wadon kabeh kuwi. Tujune tangane Bardi kuwi tangan sing trampil
tenan. Iwak urang njero kali wae ora kober mrucut saka gegemane yen dheweke wis
kadhung kiprah nggogo. Mula penggaotane bapake minangka tukang nderes wala
siwalan, ora ndadak sinau suwe wis klakon dikuwasani. Bedane, yen bapake biyen
ora patiya sregep nggarap tegalan sela-selane wit siwalan, nanging Bardi malah
kosok balen. Dheweke katon sengkut temenan anggone nenandur palawija ing
tegalan kono. Dadi ora mung mligi nyagerake tumetese banyu legen siwalan ing
bumbung-bumbung tinadhah, nanging uga wulu pametu saka bumi tegalane, sanadyan
mung sacengkang paribasane.
Ewadene semono. Bardi ora nate lali
marang klangenane nggogo urang. Kajaba asile kena kanggo tambah-tambah lawuh
mangan adhi-adhine, kala-kala tangga teparone ana uga sing padha nempil urange.
Malah yen pinuju dheweke nemu iwak kutuk utawa lele, tangga-tangga gelem nuku
kanthi rega sing lumayan.
***
Ing sawijining wektu, nalika Bardi lagi enak-kapyenak
ngobongi lintah-lintah, adhi-adhine wadon padha nyawang saka mburine. Kabeh
sajak krasa miris atine. Embuh miris marang krogel-krogele lintah sing
kepanasen geni, apa miris nyawang solah tingkahe kakange. Nalika Bardi mlengak,
adhi-adhine katon padha gugup arep nyingkrih. Nanging Bardi malah ngundang
supaya adhi-adhine nyedhak marang dheweke.
“He, Ndhuk! Bocah wedok telu rungokna!” swarane Bardi
njengek karo menciring. Bocah telu kuwi katon kaget lan gumun, awit salawase
iki Bardi ora nate kasar marang adhi-adhine. Malah kapara arang banget padha
omong-omongan njagong.
“Lintah-lintah iki kepeksa dakpateni, jalaran wis
padha ngentekake getihku!” panyambunge Bardi karo ajeg penciringan nuding lintah-lintah
sing padha polah njero geni. Adhi-adhine tambah njekethet lan mrinding githoke.
Nanging tetelune ora wani obah babar pisan. Mung mripate sing padha pating
plirik bingung ora ngerti kudu tumindak kepriye. Salah siji ana sing mbatin,
apa kakange kesambet danyang kali ya? Utawa kesurupan setan?
Nanging durung nganti entuk jawaban, Bardi wis mbengok
maneh, “Ngertia, Ndhuk! Kowe kabeh uga ora beda karo lintah-litah iki! Kowe
kabeh uga wis dha klakon ngisep getihku, najan ora langsung. Omah kene iki pancen
wis dadi susoh lintah. Mula kowe mesthine uga kudu diobong kaya lintah-lintah
iku! Ngerti!”.
Adhine sing paling gedhe dumadakan ndhoprok
kepuyuh-puyuh. Sing loro tiru ndhoprok pisan karo gemeter awake. Bardi katon
ngadeg karo malang kerik. Mripate saya pendirangan. Tangane kumlawe nyaut
rambute adhine, kaya arep dijambak. Nanging…… dumadakan mak greg. Dhadhane
Bardi kaya ana sing dhodhog. Tangane sing kepengin njambak rambut kuwi malih
kendho, kendho, lan saya kendho. Ambegane melar mingkus. Banjur katon unjal
ambegan bola-bali karo lambene ndremimil ngucapake kalimah istighfar. Tangane
sing sumadya njambak rambut malih dadi ngelus-elus sirahe adhi-adhine. Ing
pojok mripate katon luh sumembul arep tumetes.
“Nanging ora…. ora…” swarane Bardi, nanging wis ora
keprungu njengek maneh. Malah keprungu kaya wong ngrinteh semu nangis. Banjur
panyambunge maneh, “Kowe ra sah dha wedi ya, Ndhuk…. Najan kowe kabeh iki
sejatine uga lintah-lintah, nanging kowe tetep adhiku…. Aku rila getihku kok
isep nganti kopong…. nganti kopong….. jalaran aku kakangmu… gentine bapakmu….
Aku uga tresna asih marang kowe kabeh…. Kaya tresnane emak lan bapak marang
kowe… hmmmhkkkk…”.
“Bardi….Bardi… mreneya, Cung! Kene lungguh sisihe
emak!” kadadak ana swara wadon setengah tuwa keprungu alus nanging kaya nunjem
pulung ati, swarane emake. Bardi njenggirat, karo srikutan ngusapi eluh-eluh
sing wis klakon dumlewer ing pipine. Apa emake krugu panggrundele mau? ngono
batine. Dheweke krasa kisinan. Embuh, yen marang emake pancen dheweke tundhuk temenan.
Kanggone Bardi, emake dianggep lambang bebener. Apa sing dikandhakake emake,
sabisa-bisa kudu diturut.
“Sajake kowe wis diwasa, Cung. Saelingku umurmu wis
luwih ka selawe. Mula wis tiba titi mangsane kowe kudu omah-omah!” ujare emake,
semu arang, semu lirih, nanging cetha trewela.
Bardi njenggirat. Alise njengkerut. Emake disawang
tajem, nanging dheweke durung bisa kumecap. Dheweke kudu omah-omah? rabi? Babar
pisan bab iki durung nate ginambar ing pangangen-angene. Mungguhing Bardi, wong
omah-omah mono padha karo mangun susuh lintah. Bojo lan anak kuwi ngibarate tan
prabeda karo lintah-lintah, sing kudu tansah nyesep getihe. Yen dheweke klakon
rabi, banjur dheweke kudu njungkir jempalik ngetog tenagane saperlu nyampeti
anak bojone. Ngono kuwi mungguhing Bardi, dheweke padha karo disesep-sesep
getihe.
“Rabi entuk sapa, Mak?” tanpa rinasa lambene Bardi
nylemong, karo panggah njengkerut bathuke.
“Siti Sumanding, anake Pak Kaji Sukron polang sapi.
Wingi emak wis dirembugi”.
Bardi sangsaya ngowah-ngowoh. Dheweke pancen wis wanuh
marang anake juragan sapi kuwi. Omahe Kaji Sukron pancen ora let adoh saka
omahe Bardi. Malah-malah prawan ayu tur seneng besus kuwi wis asring sapatemon
karo dheweke. Mung wae, babar pisan Bardi ora nduweni karep kepengin ngrabeni Siti
Sumanding. Anggone cedhak marang anak ontang-antinge Pak Kaji Sukron mung
winates kekancan, kadi dene lumrahe wong tetanggan.
Rasa-rumangsane Bardi mbok menawa bedha karo sing
dirasakake Kaji Sukron sakulawarga, luwih-luwih Siti Sumanding dhewe. Mula mbok
menawa rakete bocah loro kuwi, dianggep minangka sasmita yen kekarone ing tembe
bakal padha ngiket jejodhoan.
“Apa bisa klakon aku rabi? Luwih-luwih kudu entuk Siti
Sumanding? Ah ora bakal! Nanging apa ya aku kudu ora rabi? Kamangka jare emak
aku kudu ndang omah-omah? Amarga aku wis akir diwasa….hmmmh”, ngono batine
Bardi diuleng pitakon-pitakon sing kumawalikan. Dhadhane dumadakan krasa seseg,
mula sedhela-sedhela unjal ambegan. Emake ngerti yen Bardi lagi mbingungi.
Nanging mbok randha setengah tuwa iki pancen ora kesusu diwangsuli Bardi wektu
kuwi uga. Isih ana dina sesuk, ngono pambatine karo mesem satleraman.
Mbok menawa pancen wis pinesthi dadi jodhone,
kasunyatane let udakara telung sasinan saka nalika Bardi ditari rabi emake kae,
kekarone klakon nikah temenan.
***
Yen dietung wis ganep sewindu anggone padha omah-omah.
Malah wis padha duwe momongan loro cacahe, tur wadon kabeh. Mbarepe umur nem
taun pujul sithik, dene sing nomer loro umur telung taunan. Panguripane Bardi
sakulawarga wis klebu tumata. Digawekake omah gedhong mung kari ngenggoni, lan
Bardi uga wis klakon bisa nggenteni penggaotane maratuwa minangka bakul sapi.
Dadi, ing babagan uba rampe bale somah babar pisan ora ndadekake masalah.
Nanging aneh, wiwit telung sasinan kepungkur hengga seprene,
Bardi katon saya susut awake. Kamangka bojone klebu open banget ing babagan
masak kanggo mangan sabendinane. Ora mung trima ditangani dhewe, nanging wis
ngingu rewang barang. Sing luwih nggumunanke, saben-saben dicedhaki Siti
Sumanding, Bardi ketara pucet polatane. Mula sabisa-bisa, bojone dikongkon
ngadoh wae, aja cedhak-cedhak karo dheweke. Kaanehan iki uga dirasakake Siti
Sumanding.
“Gek ana apa ya Kang Bardi iki? Kok
nganeh-anehi?” ngono bola-bali Siti Sumanding mbatin, nanging durung wani nlesih
marang bojone. Saben arep kumecap kaya-kaya mung mandheg ing gorokane. Ewa
dene, saben ana wektu lodhang Siti Sumanding ora kapok-kapok anggone mbudidaya
nyedhaki bojone. Saka rasa-pangrasane, wiwit mbiyen nganti saprene tresnane
marang Bardi ora nate suda, malah saya ngrembaka.
“Nggo sapa nggonmu macak lan besus
selawase iki, Ti?” panylemonge Bardi nalika tengah wengi bojone ndhusel nyusul
turon ing kamare. Sanadyan wis ditata atine, nanging Siti Sumanding meksa kaget
krungu pitakonan iki.
“Nggo sapa meneh nek gak nggo sampeyan ta, Kang, uga
nggo cah loro kuwi. Anake dhewe kabeh rak wedok ta? Dadi wiwit cilik kudu
dikenalake cara kanggo ngupakara awak. Macak. Sampeyan rak ngerti ta, Kang,
kanggone bocah wedok mono rupa lan resike awak kuwi minangka modal. Nek wis
dadi prawan mono ngibarate dagangan. Nek barange apik regane rak dadi larang
ta?” wangsulane Siti Sumanding karo nyoba ngelus tangane bojone. Nanging saeba
kagete bareng epek-epek sing ngelus tangan kuwi dikipatake. Bardi menciring.
Banjur mudhun saka paturone. Ora let suwe tangane kedher karo nudingi Siti
Sumanding.
“Minggir kowe, Ti! Aja cedhak mrene! pambengoke Bardi,
ora keprungu banter nanging keprungu serak karo nggeget-nggeget untu. Ing
panyawange Bardi, dumadakan wiwit gulu nganti sirahe Siti Sumanding malih
klolet-klolet dadi endhas lintah.
“Lho, kowe kenek apa ta, Kang?” wangsulane Siti
Sumanding ketara gemeter, nanging durung mingket saka paturone bojone.
“He! Ngertiya nek kowe iki uga bangsane lintah!
Anak-anakmu kae uga lintah-lintah sing wis padha nyerot getihku. Mula awakku
dadi entek kaya ngene! Kandane emakku, lintah kudu digebyur lenga…. terus
diobong urip-uripan! Enteni sedhela aja ngalih saka kene!” swarane Bardi tetep
sereng greget-greget. Banjur klepat metu saka kamar. Baline wis nyangking
jrigen isi lenga patra.
Nalika Siti Sumanding lagi mikir-mikir karo tetep
klekaran ing amben, dumadakan sirahe digrojog lenga dening Bardi. Siti
Sumanding mencolot karo jerit-jerit metu saka kamar. Bardi ngoyak metu karo
tangane nggegem korekan sing wis diurubake, karo ngguyu panggah lakak-lakak.
Hahahaha… sedhela engkas kowe bakal kobong heh lintah
wedok! Arep mlayu nyang endi kowe he!” swarane Bardi sing saiki keprungu sora,
ora diampet maneh. Siti Sumanding tetep jerit-jerit karo mbukak lawang ngarep
lan bablas mlayu saka omah.
Bardi ora nututi nanging malah jumangkah mlebu kamar
paturone anak-anake. Bocah loro disowang-sawang karo manthuk-manthuk. Banjur
ngguyu lakak-lakak maneh.
“Heh! Kowe lintah-lintah piyik! Mumpung durung gedhe
kowe kudu diobong urip-uripan pisan. Merga nek kowe wis padha gedhe ora wurung
bakal ngentekake getihku! Hahahahahah……!” karo nyuwara ngono, Bardi banjur
nggrujugake lenga njero jrigen marang bocah wadon loro sing lagi turu kepati.
Sing digrujug katon mulat-mulet karo kirig-kirig margo glagepan lenga. Kaya
diwenehi aba, bocah loro banjur krekal tangi, thingak-thinguk mulehake
kasadharane. Bocah loro sing wis lungguh bingung kuwi digrujug lenga maneh
maneh dening Bardi. Sakala jerit-jerit wedi. Nalika arep mlayu, Bardi cukat
nyaut tangane bocah loro, nuli dicengkiwing lan diuncalake bali ing ndhuwur
amben. Sauntara ing tangane Bardi wis nyekeli korekan sing wis diurubake. Geni
korek saya dicedhakake marang bocah loro sing sangsaya keweden kuwi. Nanging
nalika geni korek wis kurang sakilan saka bocah-bocah kuwi, Bardi klakon
disikep wong-wong lanang sing dumadakan wis gemrudug padha tetulung mrono.
Bocah loro klakon bisa dislametake saka panyelete geni. Bardi klakon dipithing
wong lanang telu lan banjur dibanda tangane.
Ing dina-dina candhake, Bardi wis dibalekake menyang
omahe emake. Omah gubug sing saya dhoyong dipangan umur. Ing kono mung ana
Bardi sing dibelok sikile lan emake. Dene adhi-adhine wedok wis padha omah-omah
lan melu bojone dhewe-dhewe.
“Maaak…emaaak… aku tak gogo urang ning kali ya
maaaak…aku seneng nek ditapeli lintah-lintah!” swarane Bardi serak karo semu
ngremek-ngremek.
“Engko, Cung….engko….!” wangsulane wong wedok sing
sangsaya tuwa, serak gemeter-geter.
“Keneng apa mak, kok kudu engko?”.
“Marga durung udan, kaline isih asat, Ngger?”.
“Geneya udane durung teka-teka, mak?”.
“Merga wong-wong mbok menawa wis kahenan dosa!”
“Kaya dosane lintah-lintah sing wis padha ngentekake
getihku ya, mak?”
Ora ana wangsulan maneh. Ing omah dhoyong kuwi
keprungu tembang rawat-rawat sing tanpa guru lagu lan guru wilangan. Surasane
ngundhamana marang lintah-lintah kali. Nanging uga ngundhamana lintah-lintah
sing ora manggon kali.
TAMAT
Tidak ada komentar:
Posting Komentar