Mripat
bening kuwi mandeng aku tenanan. Aku ora kuwasa mbales delengane suwe-suwe.
Dakslimurke delengaku marang wit-witan nagasari sing gumigil anteng. Sumilire
angin krasa adhem nyapu kulit. Dakremes driji-drijiku dhewe, ing antarane
ngrasakke rasa adhem lan uga gumreget ana njero dhadhaku.
“Apa temen
Sampeyan arep lunga, Mas?” pitakonku rada mamang. Aku ngerti satemene slirane
uga abot karo pepisahan iki. Teletik grimis turahane udan isih pisan pindho
nelesi lemah Kemukus.
“Laras, awit mula aku lan sliramu
padha ngerti kelawan sing bakal awake dhewe adhepi. Klawan tetalian batin
sing satemene luput yen terus dirumat iki.“
“Tega!”
“Banjur kudu kepriye? Aku dhewe wis
nduwe calon bojo. Lan sliramu uga wis ngerti iku awit mula ketemu aku, ora
ngono?”
“Aku saderma kepingin Sampeyan ora
lunga saka Kemukus iki, Mas.”
“Nanging, awake dhewe mestine
ngerti, apa tegese umpama awake dhewe tetep nglakoni tetalian iki?”
Saklebat aku mandeng slirane. Mripat
bening kuwi malih dadi mendhung.
“Apa tegese iku, Mas?”
“Apa aku kudu njlentrehke
sawiji-wiji sing satemene Sliramu wis ngerti?”
Mendhung iku
malih dadi grimis: ana luh bening tumetes saka mripat lorone. Aku ngrasa ora
tega mandeng mripate. Rikat, dakslimurake delengaku, adoh marang ngisor Gunung
Kemukus, ing sumebyare banyu Waduk Kedungombo kang ayem.
“Yen ngono, awake dhewe kudu enggal
kawin. Lamun pancen Mas Topan tresna marang aku, wujudna!”
“Banjur,
kepriye nasib calon bojoku iku? Apa kudu daktinggal, banjur ngawini Sliramu?”
Yen pancen
iku dalan sing luwih becik kanggo tetalianku lan sliramu, kena apa ora
mboklaloni? Apa pancen sliramu ora wani? Lamun sliramu pancen ora saguh
nglakoni, ateges tresnamu seprana-seprene amung ing lati. Muspra olihe niba
tangi aku ngramut geni tresna iki. Geni tresna sing saben dina njajal disidem
karo akal waras sing wis tumancep ing pikiranku. Iya, awit mula aku teka ing
Kemukus iki wis ngrasa ora butuh tresna, amrih ora kepingin ketaton ing
pungkasan. Nanging, bareng aku kepethuk Mas Topan, aku ora bisa ngapusi atiku.
Aku tresna slirane.
“Kena apa ora?” pitakonku.
“Yen iku sing dadi kekarepanmu, aku
ora bisa nuruti. Aku njaluk ngapura!”
“Tega Sampeyan, Mas. Sanpeyan ora
tenanan tresna aku,” pangucapku karo swara gemeter. Aku tangi, banjur mlayu
ninggalake slirane tanpa pamit. Luhku mbrebes mili. Aku kaya nemoni catu. Kaya
kejegur ing puseran sing saya suwe saya santer lan wis ancang-ancang arep
nglelepake aku.
“Laras!!” suwarane banter nyeluk
aku, nanging aku ora nggubris.
Sore wis
sampurna kasaput rupa ireng. Petenge wengi mrambat, nyigeg awakku ing jerone
sepi. Aku mung meneng, gumandul ing kupinge cendela, ngiderake sawangan marang
njabane cendela. Marang sorot lampu sing semorot saka warung-warung sing
jumejer ana ing kiwa tengene dalan.
Malem Jemuah
Pon. Kemukus nontonake rejane maneh. Ewunan manungsa beda-beda kekarep saka
sakabehing panggonan tumplek bleg. Saka sing mung saderma nguber sumringah
nganti sing nguber dhapukan bandha dunya, ngalap berkah.
“Wis wengi,
kena apa Sliramu ora enggal dandan maesi awak, Laras?” swara Bu Suri, germa
sing ramangsaku ora kayadene anggepanku sadurunge aku kenal luwih raket. Aku
ngrasa slirane wis ngajeni aku luwih tinimbang wanita liyane. Apa amarga aku
sing mesthi menehi slirane duwit sing akehe ora kethung, amarga aku wanita sing
paling aji sing mesthi dadi royokan para tamu? Embuh. Ing omahe, saiki aku
manggon. Ing sagundhuk gumuk jenenge Gunung Kemukus, puluhan kilometer ngalor
saka kutha Solo. Pas ana pucuke, Pangeran Samudra lan ibu tirine, Dewi
Ontowulan, dipendhem. Lan saiki kerep disambangi wong, luwih-luwih ing wengi
iki: malem Jemuah Pon.
“Wengi iki
aku prei, Mi…” wangsulanku. Aku nyeluk wong wadon iku Mami, kaya uga
wadon-wadon liya sing megawe ing umah iki: ngladeni tamu lanang. Bu Suri
nyedhaki aku, alus ngelus rambutku.
“Mami
niteni, dina-dina iki Sliramu katon ora ayem. Ana apa? Apa amarga lananganmu
kae arang-arang sambang mrene?”
Aku njingkat
saka panggonan kang mula, marani amben ing njero kamarku. Bu Suri ngetutake.
“Laras,
Sliramu iki ayu, isih enom sisan. Sliramu gampang antuk tamu sing kosenengi,
malah sing sugih mbliwih sisan bisa. Apa ajine lananganmu iku, Laras?”
“Emboh Mi.
Aku dhewe ora ngerti, kena apa aku ngrasa kelangan Mas Topan. Kanggoku Mas
Topan beda, aku ngrasa wis kesengsem marang slirane,” luh mara-mara nyigar
pipiku. Aku malih kelingan marang wayah kawitane srawung karo Mas Topan. Nalika
iku slirane sambang marang Kemukus iki kanggo nggarap Tesis, nggolek data
jarene. Slirane mampir ing warung iki lan akeh takon marang aku. Slirane bisa
ngrubuhake pager pangreksaku saka rasa tresna. Nanging, aku ngerti sapa awakku
iki. Apa pantes wadon kaya aku nresnani slirane? Lan mangsa krasa sansaya
lumaku. Mas Topan malih kerep teka marang kene. Winih-winih tresna tukul
antarane aku lan slirane.
Bu Suri katon kaget karo apa sing
dakucapake.
“Simpen
tresnamu iku Laras! Wadon kaya awake dhewe iki ora pantes nduweni tresna.
Sliramu kudu bisa nglawan rasa iku. Wis, wengi sansaya nglangut. Cepet Sliramu
dandan. Daktinggal dhisik, akeh tamu ing ngarep,” pangucape Bu Suri sinambi
alon-alon tangi saka lungguhane.
“Mi, sepisan maneh aku njaluk, wengi
iki wae, aku prei!”
Aku mlaku
ijen nuruti undhak-undhakan sing tumerap. Aku ngrasa sepi ing tengah rejan.
Ambune kembang setaman, menyan, rokok, uga alkohol campur dadi siji. Ah,
saprene iki ambu iku kabeh sing nggembuli aku? Ambu sing satemene ora bisa
daksrawungi. Kabeh mau dakpeksa mlebu ing uripku, ora krasa, aku wis nggembuli kabeh
mau salawase mangsa luwih saka limang taun.
Aku milih
lungguh ing ngisore wit Nagasari sing ora adoh saka Sendang Ontrowulan. Ing
kene luwih sepi tinimbang ing dhuwur gumuk, ing pucuk Kemukus. Aku njajal
ngumbar angen, supaya nelangsane ati sirna. Pangilingku mbalik tumancep marang
pawakan lanang bagus sing pirang-pirang dina iki ndadekna sesek dadaku. Ngiseni
pepanggononan sing kosong ana ing angen-angen sing ora bakal kegayuh: Mas
Topan. Ing panggonan iki, pungkasane aku ketemu Mas Topan. Umpama aku oleh
milih, temen-temen aku kepingin mbaleni mangsa, munyerake wayah. Aku kepingin
ora ninggalake desaku lan minggat ing Kemukus iki. Aku kepingin srawung Mas
Topan pirang-pirang sigegan wayah kepungkur. Banjur aku bisa ngrasaake endahe
dadi manten bareng slirane. Nanging, apa wayah bisa gelem bali?
“Mbak, kok
dhewekan wae. Gelem ngancani Aku?” pawakan lanang mara-mara wis ngadek ing
ngarepku. Aku ora sreg kanggo mangsuli pengajake.
“Iki wis
wengi, nanging aku durung oleh gandhengan. Eman to, adoh-adoh saka Semarang
kapeksa ora nggawa asil merga mung gara-gara ora pepak olihe ngelakoni tirakat.
Mbak durung ana tamu to?”
Wong lanang
iku nyedhaki Aku. Aku lekas endang tangi. Aku dadi sumpek nyawang slirane.
Tirakat sing durung cetha bener orane lan ora bisa dipikir akal waras. Kanggo
mujudke impen kudu kelon karo wong sing dudu bojone dhewe.
“Ngaca
dhisik yen arep ngajak-ngajak wong!” pangucapku nyeplos karo kesusu nyingkrih.
“Woo….
dhasar ciblek!” samar dakrungu celathune wong lanang iku. Aku ora nggubris. Aku
enggal mlayu.
Nalika lagi
wae aku mlebu warung Bu Suri, dumadakan aku nemoni sapasang mripat sing
cemorong ana ing tengahe remeng-remenge cahya. Getihku mangsek, kemrenyeng. Aku
wanuh marang mripat iku. Sapasang mripat sing ndadekake wewayah iju lustru ana
ing ngarepane. Banjur, ana ing pisan pindho sigege wayah, ilatku ora nduweni
daya kanggo nyuwara.
“Larasati,
aku pingin ngomong!” pangucape karo gedandapan. Aku isih matung, kaget karo
kadadeyan iki.
“Laras, aku nyerah. Aku ngakoni yen
aku ora bisa ninggalake Sliramu.”
“Temenan, Mas?”
“Aku wis
njajal nglalekake Sliramu, nanging ora bisa. Saiki Sliramu melu aku. Awake
dhewe rabi, dadi bojo sing sah. Sliramu kapiken lamun mung dadi kembang ing
Kemukus iki Laras.”
Sepisan iki
dadaku kebak sesak kisenan kembang. Kembang maneka rupa saka nagari sing mung
rasa seneng wae sing manggon ing kana.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar